angrantu sinambi jumangkah ing dalan kang peteng kebak sandungan
mecaki lurung lurung kang dawa satengahing ara-ara samun
bumi kang kapidak kebak sinengker
anggawa ganda bacin
manuk manuk dhandhang kekitrang wayah sore
peteng kang gemuleng ing angganing manungsa
wus sinerat ana ing kitab duk ing uni
pepadang bakal tumeka anggawa kabar bebungah
kanggo kita sami jalma manungsa
kang bakal amadhangi lurung-lurung, dalan-dalan lan ara-ara samun
amadhangi sakendhenging jagat raya
mara gage kita sami tumenga ing angkasa
mangayubagya rawuhipun sang pepadhang
kanthi mesu raga nutup babahan nawa sanga
mangestu nampi pepadhang .....
Selasa, 01 Maret 2011
RON GARING
Wengi sansaya atis
nalika aku sesingidan ing sajroning swara gamelan
kang digawa dening angin
prasasat tan kendhat
anggonku kulak warta adol prungu
ananging isih mamring
aku wis pingin cecaketan
obormu kang makantar-kantar
madhangi jangkah lan jagatku
ana ngendi papanmu
lelana tapa brata
tanpa pawarta tanpa swara
aku kadya ron garing
kumleyang kabur kanginan
ing jagat peteng lelimengan
krasa luwih abot
anggonku ngadhepi dina-dina ing ngarep
mlakuku ora mantep
kagubet ribet lan ruwet
adoh saka cahyamu
pedhut ing sakindering pandulu
panjenengan
guruku, sihku, oborku
kancanana sukmaku sinau bab katresnan sajroning ati
NALIKA GUNUNG – GUNUNG NEGES
gunung-gunung kang padha pating jenggeleg
aweh pitakon marang wit-witan ana sawah lan tegalan
wit pari, tela, jagung, kacang padha ora bisa jawab
amarga padha ora ngerti apa makna pitakone gunung
apa sebabe gunung didhuwurke
luwih tinimbang panggonan liyane ing jagad
kepara nganti ngaras langit
pitakonan kang angel dijawab
angin wae ora ngerti
apa maneh sato kewan lan para manungsa
sing bisa mangerti amung barang kang
kasimpen ing dasar bumi, kang ora kasat mripat
tansah anteng lan ajeg
ngangsu banyu ngliwati wot rambut kang dibelah pitu
mbokmanawa gunung-gunung kuwi
kanggo ancik-ancik para satriya
nggoleki sukmane kang mabur
digawa para widadari
Langganan:
Postingan (Atom)